Lirik Sekar Arum – Damar Panggalih
Title: Sekar Arum
Artist : Damar Panggalih
Song Writter : Damar Panggalih
Music Arranger : Setya Budi Utama
Lyrics Sekar Arum
Maturnuwun dumateng Gusti
Mpun di paringi ingkang gemati
Wanodya kang silih asih
Klakon tinabuh gambang sesisih
Kadya kalanganing rembulan
Sumirat endah pasuryan
Gendhing wus kairing swaraning pradangga
Yekti mbesuk bisa tekan tuwa
Kembang kang dak akepi
Nir kala siang ratri
Tan kabur sinebul bayu
Tan kintir ginawa banyu
Nimas ayu sekar arum
Ngambar ganda karungrum
Sun ngumbang sajroning sukma
Ngambah rasa aning driya
Rungokna kekidunganku
Smara lir segara madu
Amung kanggo sira
Hya pepujanku
Music
Duh sang sekar arum
Kembange ati
Kang dak impi impi
Kadya kalanganing rembulan
Sumirat endah pasuryan
Gendhing wus kairing swaraning pradangga
Yekti mbesuk bisa tekan tuwa
Kembang kang dak akepi
Nir kala siang ratri
Tan kabur sinebul bayu
Tan kintir ginawa banyu
Nimas ayu sekar arum
Ngambar ganda karungrum
Sun ngumbang sajroning sukma
Ngambah rasa aning driya
Rungokna kekidunganku
Smara lir segara madu
Amung kanggo sira
Hya pepujanku
Nimas ayu sekar arum
Ngambar ganda karungrum
Sun ngumbang sajroning sukma
Ngambah rasa aning driya
Rungokna kekidunganku
Smara lir segara madu
Amung kanggo sira
Hya pepujanku